Ya Rasulallah salamun   alaika

Ya rafi’asyani waddaroji

Adfatayaji rattal’alami

Ya uhailaljudi walkarami

Ngawiti ingsun nglalar syi’iran

kelawan muji maring pengeran

kang paring rahmat lan kenikmatan

rino wengine tanpo pitungan

Duh bolo konco prio wanito

ojo mung ngaji syariat bloko

gur pinter dongeng nulis lan moco

tembe mburine bakal sangsoro

Akeh kang apal Qur’an haditse

seneng ngafirke marang liane

kafire dewe gak di gatekke

yen isih kotor ati akale

Gampang kabujuk nafsu angkoro

ing pepaese gebyare dunyo

iri lan meri sugihe tonggo

mulo atine peteng lan nisto

Ayo sedulur jo nglale ake

wajibe ngaji sak pranatane

ngugrendelake iman tauhide

baguse sangu mulyo matine

Kang aran sholeh bagus atine

kerono mapan sari ngelmune

laku thoriqot lan ma’rifate

ugo hakekat manjing rasane

Al-qur’an qodim wahyu minulyo

tanpa tinulis isok di woco

iku wejangan guru waskito

den tancepake ing njero dodo

Kumantil ati lan pikiran

merasuk ing badan kabeh jerohan

mukjizat Rosul dadi pedoman

minongko dalan manjinge iman

Kelawan Allah kang moho suci

kudu rangkulan rino lan wengi

di tirakati di riyadhohi

dzikir lan suluk jo nganti lali

Uripe ayem rumongso aman

dununge roso tondo yen iman

sabar narimo senajan pas-pasan

kabeh tinakdir saking pengeran

Kelawan konco dulur lan tonggo

kang podho rukun ojo ngasio

iku sunnahe rosul kang mulyo

nabi Muhammad panutan kito

Ayo nglakoni sekabehane

Allah kang bakal ngangkat derajate

senajan asor toto dhohire

ananging mulyo maqom derajate

Lamun palastro ing pungkasane

ora kesasar roh lan sukmane

den gadang Allah suwargo manggone

utuh mayite ugo ulese

Ya Rasulallah salamun alaika

Ya rafi’asyani waddaroji

Adfatayaji rattal’alami

Ya uhailaljudi walkarami